upacara ruwatan
RUWATAN
MURWAKALA
A.
Sejarahipun Ruwatan
Istilah ruwatan tuwuh dipunsebabaken wonten kapitadosan
menawi manungsa menika gadhah cacad (amarga miyosipun tiyang kasebat utawi
kalepatan tumindakipun)
kedah dipunwangsulaken malih wonten ing tata
kosmis ingkang leres, supados gesangipun saged rahayu, tentrem, adem saha ayem. Tiyang ingkang dipunanggep
cacad amargi miyosipun saha
kalepatan wonten ing tumindakipun
wonten ing masyarakat Jawi
dipunsebuttiyang sukerta. Wonten ing kapitadosan
tiyang Jawitiyang
sukerta menika menawi boten dipunruwat dados mangsanipun Bathara Kala.
B.
Sinten
Mawon Ingkang Kedah Dipunruwat?
Taksih
kathah masyarakat ingkang pitados boten gancaripun pagesangan dipunsebabaken
satunggal bab ingkang mistis, ingkang
saklajengipun dipunsebut
sengkala. Sengkala tegesipun energi
negative ingkang gesang boten sae, amargi menika sengkala kedah dipunresiki
supados boten wonten asahagan wonten ing pagesanganipun.
Kajaba
sengkala, miturut “Pakem Ruwatan Murwakala” Javanologi
Gabungan saking sumber – sumber inggih menika sari Serat Centhini (Sunan
Paku Buwana v), bilih tiyang tiyang ingkang dipunruwat dipunsebat anal utawi
wong sukerta wonten kathah sebabipun :
Wonten
3(tiga) jinis kelompok sukerta, inggih menika :
1.
Sukerta
ingkang dipunsebabaken wiyosipun.
2.
Sukerta
ingkang sebabipun nglampahi kalepatan senadyan boten dipunsengaja, tuladha : mecahaken gandhik, ndhawahaken dhandhang ing wekdal masak sega.
3.
Sukerta
ingkang sebabipun wonten ing gesangipun nglampahi kathah musibah, penyakit saha tansah kathah ambatan.
Sukerta miturut versi Pakem Pangruwatan
Murwakala wonten 60 jinis sukerta, Pustaka Raja Purwa wonten 136 sukerta,
Sarasilah Wayang Purwa wonten 22 sukerta, menawi miturut buku Murwokolo wonten
147 jinis sukerta.
C. Prosesi Ruwatan
-
Persiapan
1. Nyamektakaken maneka warna sesajen :
·
Tuwuhan,
gedhang raja setundun,
cengkir gading, wit tebu kalihan, ron ringin, ron elo, ron dadap serep, ron
apa-apa, ron asahag-asahag, ron meja, ron kara, dan ron kluwih lajeng sedaya
ron kasebat dipuniket wonten ing cagaklawangngarep. Sekar
mayang ingkang sampun dipunhias
lajeng dipunselehaken
ing wingking kelir kiwa, sekar setaman wonten ing bokor ngajengipun dhasahag,
ingkang badhe dipunagem kangge
nyirami Bathara Kala, tiyang ingkang badhe diruwat saha sanes – sanesipun.
·
Geni
(watu arang) wonten ing anglo, kipas
saha kemenyan (ratus wangi) ingkang dipunginakaken dhasahag.
·
Kain mori pethak 3 meter, dipunrentangaken wonten ing ngandhapipun
debog, panggungan saking
ngajeng kelir kanthi wingking kelir dipunparingi sekar mawar wonten ing ngajeng
kelir papan lungguh Ki
dhasahag, lajeng wonten ing wingkingipun kelir papan lungguh ingkang badhe
dirpunruwat nganggekain mori pethak.
·
Nginggilipun gawangan kelir dipunhias ngangge kain bathik enggal 5 (gangsal),
wonten ugi kain sindur, kain bango tulak saha dipunjangkepi kaliyan pari segedheng.
·
Maneka warna sega, inggih menika :
a.
Sega
golong, goreng-gorengan, pindang kluwih, pecel ayam, sayur menir, lsp.
b. Sega wuduk, iwak lembaran,
lalaban, mentimun, Lombok abrit ingkang ageng bsaha abrit hijau brambang,
kedele hitam.
c.
Sega
jene, tigan (tiga), srundeng
asmaradana.
·
Maneka warna (bubur) inggih menika: jenang abrit, pethak, jenang kaleh,
jenang baro-baro.
·
Jajan peken(woh–wohan ingkang maneka warni) kadosta: pisang raja, jambu, salak,
sirih diparingi arta, gendhis jawa,
krambil, blingo dipunparingi werni abrit, kemenyan sekar, toya wonten ing cupu,
jarum saha
benang cemeng - pethak, kaca alit, kendi ingkang isinipun toya, empluk (periuk ingkang
isinipun kacang ijem, kedele, kluwak, kemiri, gereh, tigan saha arto).
·
Benang lawe, minyak krambil kagem lampu blencong
·
Ingkang
arupi
kewan, tuladhanipun
manuk dara satunggal pasang, ayam
jawa sepasang,
bebek sepasang.
·
Ingkang
arupisajen inggih
menika : rujak wonten ing bumbung, rujak edan (rujak saking pisang klutuk dipuncampur toya,
boten ngagem uyah), pring gading gangsal
ros. Sedaya wau dipuntata wonten tambir ingkang wosipun sega tumpeng.
·
Sajen buangan kagem
dhayang ingkang arupa takir ageng utawa kroso ingking isinipun sega tumpeng alit saha lauk pauk, jajan peken. Sajen menika wonten ing papan
angker dipunparingi
donga, nyuwun kawilujengan.
·
Sumur utawi
sendang dipunpendhet toyanipun saha
dipunlebetaken krambil..
2. Upacara
kedah dipungarsani dhasahag ingkang sepuh, ingkang sampun nglampahi tirakat
rumiyin. Tirakat menika dipunlampahi, nacasipun supados dipunindharaken saking
nasip ingkang boten sae, saengga Dhasahag suci saha kakiyatan batosipun saged
nangkal hal – hal ingkang boten sae.
3. Kangge wayang kulit kanthi lakon
Murwakala dipunbetahaken : gamesaha,
wayang kulit satu komplit, kelir utawi layar kain, blencong
4. Tiyang
ingkang badhe diruwat ngangge
rasukan werni pethak, menawi tiyang sepuhipun ngangge rasukan adat
-
Pelaksanaan :
Wonten ing ritual pangruwatan, tiyang sukerta dipunpotong rikmanipun miturut
kapitadosan masyarakat Jawa, kasisahan
sampun tanggunganipun saking Dhasahag
amargi putra sukerta sampun dados putranipun
Dhasahag.
Adicara Ruwatan Murwakala:
a) Dipunwiwiti
kanthi donga
sesarengan
b) Dipunlajengaken
maos cariyos Sang Hyangkala
c) Dipunlajengaken kanthi maos pakem suntheg, pakem menika dipunsekaraken“hung ilaheng pra yoganira sang syang kamasalah
tangerannya, kang daging sang kemala, kadi gerah suwarane, abra lir mustika
murud, amarab”
d) Sasampunipun pakem suntheng pungkasan, dipunwaos: “aneka akem prabawa, ketug lindhu saha prahara,
geter patertan pantaraalimaku tana suku, alembehan tanpa tangan, aninyali tanpa
netra”
e) Dipunlajengaken kanthi pasang tabeik sahamaos kidung sastra pinandhati: Yanyangsiyu
yusinyangya, yanyangasiyu yusinyangya, yajasiyu yusijaya, yadangsiyu
yusidangya, yawangsiyu yusiwangya, yasangsiyu, yakangsiyu yusikangya, arangsiyu
Dipunlajengaken kanthi maos“sastra banyak Dhasahag” sekar kentrung: “sang raja kumitir-kitir, ing ngendi
anggonira linggih, den barung ran keli, mangore lunga ngidul, anelasar sruwa
sepi, sumun dukuh ulung kembang, bale anyar ginelaran isi kang sumur bandung,
toyane ludira muncar, timbane kepala tugel, taline ususe maling, winarna
winantu aji, asri dinulu tingkahe kaya nauta, anauta lara raga, lara geng lara
wigena, sampurnaning banyak Dhasahag”
f) Dipunlajengaken
kanthi maos sastra
gumbalageru, geni ingkang dhateng saking penjuru angina inggih menika
wetan, kilen, ler, kidul dipun dadosaken satunggal saha dipuntolak kakiyatan
negatifipunsaha dipunowahi dados satunggal
satunggal ingkang gadhah manfaat kanthi nglampahi maos.
g) Dipunlajengakenkidung sastra puji bayu:“sang hyang sekti naga nila
wara, dadaku sang naga peksa telaleku pembebet jagad, asabung kulinting limah,
abebed kuliting singa, acawet angga genitri. Liyanan catur wisa, rinejegan
rejeg wesi, pinayungan kala akra, kinemiting panca resi, sinongsongan ash-asih
premanaku ing sulasih”
h) Dipunlajengaken kidung sastra mandalagiri: Sang hyang tangkep bapak
kasa, kaliyan ibu pertiwi, mijil yogyanira sang hyang kamasalah, tengerannya
kadi daging, swarane kadi gerah, abra lir mustikamurub, urube marab arab,
anakaken prabawa, ketuk lindhu saha prahara, geter pater tan pantara, kagyat
sang hyang amarta arannya, wus ruwat pedhasamengko, yen ana gering kedadak,
ngelu puyeng watuk, kena wisa wutah-wutah, miring murup benceretan, kuu lumaku
rinuwat iki, anata senajata singwang, arane-mandalagiri, sang hyang amarta
arannya wus ruwat padha samengko.”
i)
Dipunlajengaken sastra kakancingan: “kunci nira kunci putih,
angruwata metuwa sang, mentu samir lare kresna, kakrasa kama dindi, sahagkir
tambir pokoninjog, untuing-untuing matu tingting, tunggaking kayu aren, miwah
temu pamipisan, tumunem pega pagase, miwah kerubuhan lumbung dandang tanen,
kudu lumaku rinuwat, anata sanjataning wang, arane panji kumala, pinaputrak
akengunung arane, mandalagiri, sang hyang ngamarta arannya, wus ruwat padha
samengko” wonten ing proses menika penguncian
kakiyatan ghaib ingkang dipunruwuhaken
kanthi cara ritual utawi ruwat pungkasan nyekar kidung kangge ruwat murwakala,
salejengipun damel rajah
kalacaraka ingkang dipuntempelaken wonten lawang-lawang griya.
Comments
Post a Comment