feature
FEATURE
Tenganan inggih menika
salah sawijining desa ingkang alit ing Kecanatan Manggis, Kabupaten Karangasem,
kirang langkung 65 kilometer saking kitha Denpasar, pulau Bali. Desa menika
kasebat tetep keguh ing sajroning arus gantosing zaman ingkang pesat mawi teknologi
informasi.
Desa menika wiyaripun
kirang langkung 1.496,002 hektar, sakmenika kaliyan Otonomi Daerah dipunperang dados
dhaerahipun kirang langkung wonten 600 jiwa.
Gambar 2. Kain grinsing
Desa Tenganan identikkaliyan kain gringsing. Sampun cumepak
wonten ing caket panggenan mlebetipun pengunjung, langsung wonten saking regi
Rp 400.000 dumugi jutaan rupiah. Boten kaget, puntandingaken kaliyan kain-kain
wonten ing pabrik-pabrik ingkang wonten ing toko-toko tekstil, pun sawang sepisan menika sampun ketingal saben lembar
kain gringsing inggih menika lembaripun sae sanget amargi dipundamel mawi asta.
Regi ingkang awis menika
ambanipun namung kayata sadawanipun selendang. Regi menika saged kasebat awis,
ugi boten awis, amargi kain gringsing menika namung dipunproduksi ing Tenganan.
Damelipun mbetahaken wekdal ingkang lami, amargi warni ingkang dipunngge menika
saking woh-wohan kanthi proses ingakang khusus.
Warni abrit,
tuladhanipun saking woh sunti saking Nusa Penida. Warna kuning saking minyak kemiri. Supados warni saged mlebet
ing dalem sela-salening bolah, prosesipun dangu. Warna kuning supados saged
ketingal menika mawi proses setunggal wulan pitung dinten. Warna abrit,
mbetahaken proses tigang dinten. Saklajengipun, sedayanipun mbetahaken proses
ingkang dangu (cuci-jemur-simpan) tigang wulan.
Miturut Penglingsir
Desa Adat Tenganan Pegringsingan sanesipun, Jro Mangku Widia, wonten sejumlah
motif kain gringsing inggih menika lubeng, wayang putri, wayang
kebo, cecempakan, cemplong, dingding sigading, dingsing
ai, pepare, pat likur, pedang dasa, semplang, cawet, anteng dan
lainnya. Motif-motif menika nggadhahi simbol piyambak mawi simbol-simbol
ingkang tuladhanipun tapak dara (tanda silang) lan sakpiturutipun.
Kain gringsing asring
dipunginakaken minangka ageman adat ing sajroning lampahing upakara. Ing dalem Usaba
Sambah ingkang sabensasi kaping gangsal miturut penanggalan Tenganan,
sagedipun wonten ing sasi Juni-Juli, para daha teruna (muda-mudi)
kedah ngagem kain gringsing. Kain gringsing menika ingkang damel para generasi
muda Tenganan menika ketingal bersahaja saat menari Rejang Abua.
Gambar 3. Seratan carios
wayang Gambar 4. Seratan pulau
Bali
Gambar 5. Hiasan
dinding Gambar 6. Griya adat
mawi Atap ron kelapa
Kerajian
khas ingkang sanesipun inggih menika atapgriyanipun
ingkang kadamel mawi ron kelapa, seratan asta ing ron tal, hiasan dinding saking
kayu.
Atap griyanipun warga desa Tengahan menika
kadamel mawi ron kelapa ingkang sampun tua lajeng dipunanyam. Anyaman ron
menika saged dipunagem gangsal warsa. Dados mawi gotong-royong warga desa
Tengahan nggantos atap griyanipun saben gangsal warsa sepindah.
Seratan
asta mawi ron tal, damelipun wonten ingkang mbetahaken wekdal sekedik lan
wonten ugi ingkang dangu, beda-beda miturut tingkat
kerumitan seratanipun. Wujud seratanipun wonten arupi gambar pulau Bali,
carios tokoh wayang, lan taksih kathah sanesipun. Basa ingkang dipunginakaken
ing seratan menika wonten kathah jinisipun, tuladhanipun mawi basa Bali, basa
Indonesia, basa Inggris, basa Jerman, lan basa Walandi.
Hiasan dinding
mawi kayu menika wonten kathah wujud lan warninipun. Hiasan menika wonten
ingkang awujud kewan (cecek lan gajah), topeng-topeng leak, penari mawi rasukan
adat Bali.
Comments
Post a Comment