Posts

Jenis-jenis Idiom ing dalem Basa Jawa

Jenis-jenis Idiom ing dalem Basa Jawa: 1.       Bebasan Inggih menika tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan. Sing dipindahke kahanane wong utaw barang. 2.       Saloka Inggih menika tetembungan kang ajeg panganggone, ngemu teges entar lan surasa, pepindhan, kang disaloka kahanane wonge. 3.       Wangsalan Inggih menika unen-unen kaya cangkriman nanging dabathang dhewe. 4.       Parikan Inggih menika unen-unen kang dumadi saka rong ukara, ukara sepisan kanggo narik kawigaten, dene ukara kapindho minangka isi. 5.       Idiom singkatan lan akronim Ing dalem basa Jawa dipunsebat kaliyan keratabasa, inggih menika basa utawa tembung kang dikerata. 6.       Idiom silang Ing dalem basa Jawa asring dipun sebat kaliyan cangkriman, yaiku tetembungan utawa unen-unen kang dudu dibatang mak...

atur pambagyaraharja

Nuwun, Para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinabekten, sarta para tamu ingkang sutresna. Awit saking mudhi dhawuhipun Bapak-Ibu.... keparenga kula matur wonten ngarsa panjenengan. Sumangga kula dhekaken tansah mangku puja kanthi pamuji syukur mring pangeran Gusti kang maha asih sampun kepareng paring karahmatan satemah ing wanci menika kanthi kebagaswarasan kula miwah panjenengan kempal manunggal ing papan menika. Saklajengipun sampun sawetawis panjenengan lenggah, kula ngaturaken pambagya kawilujengan sugeng rawuh. Panjenengan sampun kasdu rawuh saperlu paring pangestu hangestreni adicarasrah-srahan saha paningset.