Jenis-jenis Idiom ing dalem Basa Jawa



Jenis-jenis Idiom ing dalem Basa Jawa:
1.      Bebasan
Inggih menika tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan. Sing dipindahke kahanane wong utaw barang.
2.      Saloka
Inggih menika tetembungan kang ajeg panganggone, ngemu teges entar lan surasa, pepindhan, kang disaloka kahanane wonge.
3.      Wangsalan
Inggih menika unen-unen kaya cangkriman nanging dabathang dhewe.
4.      Parikan
Inggih menika unen-unen kang dumadi saka rong ukara, ukara sepisan kanggo narik kawigaten, dene ukara kapindho minangka isi.
5.      Idiom singkatan lan akronim
Ing dalem basa Jawa dipunsebat kaliyan keratabasa, inggih menika basa utawa tembung kang dikerata.
6.      Idiom silang
Ing dalem basa Jawa asring dipun sebat kaliyan cangkriman, yaiku tetembungan utawa unen-unen kang dudu dibatang maksude.
7.      Paribasan
Inggih menika unen-unen kang ajeg panggone, mawa teges entar lan ora ngemu surasa pepindhan.

Tuladha paribasan ingkang taksih asring dipunginakaken kaliyan masyarakat Jawa:
1.      Aji godhong garing
Tegesipun: barang kang ora duwe aji babar pisan.
2.      Ana catur mungkur
Tegesipun: ora gelem ngrungokake rarasan kang ora becik
3.      Ana gula ana semut
Tegesipun: panggonan sing ngrejekini mesthi akeh sing nekani
4.      Ancik-ancik pucuking eri
Tegesipun: wong kang tansah sumelang yen kaluputan
5.      Angenthong umas
Tegesipun: wong kang ora bisa nyimpen wewadi
6.      Angutuk lor kena kidul
Tegesipun: ngangkah marang sawijining wong katibakake marang wong liya
7.      Angon mangsa
Tegesipun: nggolek wektu kang prayoga kanggo tumindak
8.      Angon ulat ngumbar tangan
Tegesipun: nyawang kahanan arep nglimpe
9.      Asu arebut balung
Tegesipun: padu rebutan barang sepele
10.  Asu belang kalung wang
Tegesipun: wong asor nanging sugih
11.  Asu gedhe menang kerahe
Tegesipun: wong sing gedhe pangkate mesthi luwih gedhe panguwasane
12.  Asu marani gepuk
Tegesipun: njarak marani bebaya
13.  Ati bengkong oleh oncong
Tegesipun: duwe niyat ala oleh dalan
14.  Baladewa ilang gapite
Tegesipun: ilang kaluhurane/ kakuwatane
15.  Banyu pinerang ora bakal pedhot
Tegesipun: pasulayane sedulur mesthi enggal pulihe, ora bakal medhotake pasedulurane
16.  Bathang lelaku
Tegesipun:wong lelungan ngmbah pangggonan sing mbebayani
17.  Bathok bolu isi madu
Tegesipun: wong ashor nanging sugih kapinteran
18.  Bebek mungsuh mliwis
Tegesipun: wong pinter muungsuh wong pinter
19.  Becik ketitik ala ketara
Tegesipun: becik ala bakal ketetara tembe mburine
20.  Belo melu seton
Tegesipun: mung melu-melu bae ora ngerti karepe
21.  Beras wutah arah mulih marang takere
Tegesipun: samubarang kang wis owah arang bisa pulih kaya maune
22.  (m)bidhung api rowang
Tegesipun: arep ngrewangi malah ngrusuhip
23.  Blaba wuda
Tegesipun: saking loman uripe kacingkrangan/ awake dhewe ora keduman
24.  Blilu tau pinter durung nglakoni
Tegesipun: sanajan durung mangerti nanging bisa nglakonni
25.  Bubuk oleh leng
Tegesipun: duwe niat ala oleh dalan
26.  Buru uceng kelangan dhelek
Tegesipun: mburu barang sepele kelangan barang aji
27.  Bung pring petung
Tegesipun: bocah kang gelis gedhe
28.  (m)buwang tilas
Tegesipun: nutupi paptrane ethok-ethok nyambut gawe liya.
29.  Dadiya suket suthik nyenggut, dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek
Tegesipun: emoh sapa aruh
30.  Dudu berase ditempurake
Tegesipun: nyambungi gunemane liyan nanging ora gathuk
31.  Durung ilang puput lempuyange
Tegesipun: dipadhakake bocak cilik, durung dianggep dewasa
32.  Durung pecus keselak besus
Tegesipun: durung sembada nanging kepengin sing ora-ora
33.  Eman-eman ora keduman
Tegesipun: rekane welas nanging rugi
34.  Embat-embat clarat
Tegesipun: nyambut gawe sing ati-ati banget
35.  Endhas gundhul dikepeti
Tegesipun: wis kepenak ditambahi kepenak maneh
36.  Entek jarake
Tegesipun: entek kasugihane
37.  Garang giring
Tegesipun: umuk suging nanging sejatine kurang
38.  Genthong umos
Tegesipun: ora bisa nyimpen wadi
39.  Gong lumaku tinabuh
Tegesipun: wong kang kumudu-kudu ditakoni
40.  (n)junjung ngentebake
Tegesipun: ngalembana nanging niyate ngasorake
41.  Kadang konang
Tegesipun: ngakoni sedulur mung karo sing sugih-sugih
42.  Katon cempaka sewakul
Tegesipun: disenengi wong akeh
43.  Kebanjiran segara madu
Tegesipun: nemoni kabegjan sing gedhe banget
44.  Kere munggah bale
Tegesipun: wong asor didadeke wong mulya
45.  Kere nemoni malem
Tegesipun: wong kang bedhigasan/ serakah
46.  Kerubuhan gunung
Tegesipun: nemoni kesusahan sing gedhe banget
47.  Lanang kemangi
Tegesipun: wong lanang sing jirih
48.  Merangi tatal
Tegesipun: mentahake rembug kan wis dadi
49.  Nambong laku
Tegesipun: ethok-ethok ora ngerti
50.  Nglarasake negara
Tegesipun: ora manut pranata negara
51.  Ngontragage gunung
Tegesipun: wong asor bisa ngalahake wong luhur nganti gawe kagete wong akeh
52.  Nguyahi segara
Tegesipun: nandang gawe sing muspra
53.  Nucuk ngiberake
Tegesipun: disuguh mulihe mbrekat
54.  Nyolong penthek
Tegesipun: ora dinyana-nyana
55.  Opor bebek mentas awake dhewe
Tegesipun: mentas saka rekadayane dhewe
56.  Timun jinara
Tegesipun: samubarang sing gampang banget
57.  Tumbak cucukan
Tegesipun: seneng adul-adul
58.  Tunggal banyu
Tegesipun: tunggal ngelmu, tunggal guru
59.  Tunggal welat
Tegesipun: sedulur sinarawedi
60.  Tut wuri handayani
Tegesipun: menehi kalonggaran lan uga menehi pepeling amrih becik.

Saking tuladha paribasan ing nginggil menika minangka warisan leluhur arupa kasusastraan basa jawa ingkang ngndhut etika, moral, lan budi pekerti. Dados amrih saenipun dipunlestantunaken saking setunggal generasi dumugi generasi saklajengipun.
DUDUTAN
·         Ing dalem salah sawijining bangsa wonten manekawarni ragam budaya. Budaya minangka upaya manungsa ingkang didasari kaliyan budaya ingkang luhur lan nglairaken konsep kados pundi kedah gesang.Kawontenan idiom-idiom ing dalem basa lokal babagan kados pundi nglestantunaken lingkungan ingkang fungsinipun kangge tuntunan gesang.
·         Jenis-jenis Idiom ing dalem Basa Jawa wonten 7 inggih menika  bebasan, saloka, wangsalan, parikan, idiom singkatan lan akronim, idiom silang, paribasan.
·         Paribasan menika minangka warisan leluhur arupa kasusastraan basa jawa ingkang ngndhut etika, moral, lan budi pekerti. Dados amrih saenipun dipunlestantunaken saking setunggal generasi dumugi generasi saklajengipun.
·         Saking tuladha ing bab gegaran teori menika teksih asring dipunginakaken kaliyan masyarakat Jawa.
 DAFTAR PUSTAKA 
Raharjo, Sugeng Haryo. 2008. Kawruh Basa Jawa Pepak. Semarang: Widya Karya.
paper.html di unduh tanggal 8 Juni 2013 jam 23.02
Mulyana. 2008. Semantik Bahasa Jawa..........



Comments

Popular posts from this blog

pranatacara adicara sedekah bumi

Pranatacara sarasehan budaya

Rumah Tradisional