artikel kebudayaan




Pawiyatan Begalan ing Dhaerah Banyumas
Ngurip- urip Budaya Jawa Banyumasan


Watara sengrennge nyunar, warga masyarakat sekitar wiwit bocah- bocah ngantos simbah- simbah padha umbyuk- umbyuk menyang omahe Pak Narto ing dusun Kedungwringin kecamatan Jatilawang kabupaten Banyumas ingkang saweg sambat gawe. Pawiatan menika kalampahan tanggal 30 Juni 2012 .Katata abrag-abrang (basa jawa banyumasan peralatan tradisional rumah tangga) ing teras omah lan tiyang ingkang mbegal sampun samekta ngagem busana begalan lengkap ingkang warna cemeng cemeng.
Mengkono sithik gegambaran lakuning pawiatan begalan wonten ing Banyumas, Minangka sawijine pawiatan ingkang ngurip-urip budaya jawa banyumasan. Budaya menika teksih dipunlestantunaken tiyang dusun kedungwringin.

Ancasipun begalan menika kangge pangertosan penganten kekalih supaya dados keluarga ingkang sakinah , mawadah, warahmah. Pangertosan menika dipunandharaken mawi kereta basa saking maneka warna abrag- abrag ingkang dipunbegal menika.
Panas semelet mboten nggirah warga masyarakat ingkang ngumpul wonten margi ngajeng omahe Pak Narto. Para warga sampun siap-siap rebutan abrag-abrag ingkang badhe dipunbegal samangke.  
Walimaturus menika adicara resepsi penganten. wonten ing daerah Banyumas, adicara menika kawiwitan kalian bagalan rumiyin. Begalan dipunlaksanaaken wonten omahe penganten putri. Ing dalem begalan menika wonten penganten kekalih, tiyang sepuh tiyang saking penganten kekalih, sanak sedulur penganten kekalih, warga masyarakat sekitar, lan ingkang paling penting yaiku wonten tiyang kalih ingkang mbegal, ingkang setunggal minangka wakil tiyang sepuh saking penganten kakung lan setunggal malih minangka wakil saking penganten putri. Wakil penganten kakung minangka tiyang ingkang ngaturaken abrag-abrag lan wakil penganten putri minangka tiyanng ingkang nampi abrag-abrag menika.
Jejogedan tiyang ingkangn mikul abrag-abrag kanthi iringan lagu campur sari ketokke penak banget, menika pratandha adicara begalan kawiwitan. Tiyang ingkang wakil saking penganten kakung dugi wonten dalemipun penganten putri. Wonten mriku tiyang wakil penganten kakung kepanggih kalian tiyang wakil penganten putri. Wakil saking penganten kakung matur kalian tiyang ingkang wakil saking penganten putri, minangka dheweke dipunutus tiyang sepuh saking penganten kakung badhe ngaturaken abrag-abrag kangge tiyang sepuh penganten putri. Abrag-abrag kasebat dipunsuwun kalian tiyang wakil penganten putri, ananging saking tiyang wakil penganten kakung mboten angsal dipun tampi kalian wakil penganten putri, kedah dipuntampi langsung kalian tiyang sepuh penganten putri. Wonten mriku wonten sarat saking wakil penganten kakung, yaiku menawi wakil saking penganten putri saged ngandharaken tegesipun saking sedaya abrag- abrag ingkang dipunbekta menika, tiyang wakil penganten putri saged makili nampi abrag-abrag menika.
Abrag- abrag menika arupa peralatan tradisional yaiku, tampah, irus, kusan, muthu, ilir, centhong, siwur, kendhil, sorok, sumbul ,ingkang kagawe saking pring, kayu, lan lemah. Sedaya menika sampun dipunandharaken dening wakil saking penganten putri, lan abrag-abrag menika dipuntampi kanthi simbolis nuthuk kendhil kang kaisi beras lan dhuwit ing margi.

Butir- butir Donga kawaos dening tiyang begal, wos saking donga menika kangge ndongaaken penganten sakloro supaya dados keluarga ingkang sakinah mawadah warahmah. Sedaya abrag-abrag langsung dipunrebutaken dening warga masyarakat sekitar.
Wondene adicara begalan kagawe semarak lan regeng ing dhusun menika. “walaupun namung angsal setunggal nanging kulo mundhut barokahipun saking abrag- abrag ingkang sampun didongani wau” calathu salah sawijining masyarakat.
“adicara begalan kuwi apik dianakake supaya dadi sarana kanggo paring pangerten penganten sakloro lan uga dadi sangu ing  nglakoni urip berkeluarga” atur aking tiyang sepuh dhusun mriku.
Pawiatan menika teksih dipunlaksanaaken dening masyarakat Banyumas, lan muga- muga dipunlestantunaken kanthi saklawase.



Comments

Popular posts from this blog

pranatacara adicara sedekah bumi

Pranatacara sarasehan budaya

Rumah Tradisional