pedhalangan
Raseksa Panguasa Gunung Reksamuka
Gunung Reksamuka ya gunung
Candramuka. Gunung padhas kang linapis sela ageng-ageng, selanya sela atos kang
winates watu item. Lenkehing watu kebak dening jurang cerung kang banget agawe
mirise kang samnya mulat. Puncaknya ketingal pethak memplakkadya kapuk winusonan,
lebet kinemulan dening salju angendanu.
Sukuning Ardi Reksamuka ana wana
kang aran Wana Trikbrasara. Pranyata Wana Trikbrasara papan pangalapan, bebasan
janma mara janma mati sato mara sato mati. Marma ora mokal kalamun ing kono
sepi tan ana janma kang wani liwat. Pranyata Wana Trikbrasara wana kang angker,
wana gung bebondhotan kang kebag ing kekayon ageng serta wor suh lawan ri
bandhot, ri sisir ri brembet, uga glagah alang- alang tuwin kalanjana kang
kebak glugut mawa wisa.
Telenging wana ana guwa kan aran
Guwa Sigrangga, ya ing kono papan dumununge raseksa loro cacahe kang banget
nggegirisi, kang nama Ditya Kala Rukmuka lan Ditya Kala Rukmakala. Kekalihnya
sarira gung cathiking baita, tutuk kadya lenging guwa, siyung mingis kumilat,
waja rangah pindha parang curi tur warnane kuning marga ora tau sikatan, ababe
arum jamban marga pakanane bangsane bathang kangg wus limang ndina dadi ambune
lagi semegrak- semegrake. Rikma gimbal den udhal mumpung pundhakira kanan
kering, rupane soklat semu ireng nganti kaya aspal labet tan nate raup. Himba
sirung, goghek wong palawangan kumbala nyombrah, simbar jaja bris, wuluning
tangan pindha tarulata kang tuwuh ing prabata. Yen segu kaya gludug, yen petak
kaya gelap anyamber.
Nuju ari sajuga dene danawa kalih
legnya lelenggahan aneng madyaning guwa hasemak sela kumalasa hangadhep latu
mangalad-alad. Galigapan solahira labet nandhang kaluwen, wus sawatawis dinten
datan antuk mangsan, marma tansah tumindak ngoso. Sakiwa tengene alas wus tan
ana kewan kumliwer, labet wus tapis gusis kamangsa dening denawa kekalih.
Ana ing tengahing alas iku Ditya Kala Rukmuka lan
Ditya Kala Rukmakala ginem mekaten:
“adhi rumakala, wis pira lawase anggonku lan kowe
dedumunung ana Alas Tribaksana kene?”
“wah, mbuh ora nggagas wis pira lawase. Aku ki
angger sing wis ya wis, ora tau ngeling- ngeling. Sing tak ngangas ki angger
weteng luwe ngene iki, kepriye carane ndang entuk mangsan. ”
“nanging kepriye anggone bakal entuk mangsan , lha
wong alas kene wis gusis wis ora ana kewan kang isih urip. Apa maneh sing
jeneng janma manungsa wis ora ana wani liwat kene. Yen ana janma liwat kene
kuwi janma manungsa kang wus bosen urip.”
“ha iya. Nek awake dhewe iki gaweyane mung mangsa
manungsa, mangsa kewan ngono ki apa ora ateges dosa ta kang? Mangka manungsa
lan kewan ditinitakhake ana madyapada kuwi mesthi ana wigatine.”
“aku arep ora ngrembug perkara dosa. Pokoke aku urip
ana madyapada iki karepku keturutan, awit ana madyapada mung ya sepisan iki.
Mula upama aku kepengin apa wae, mbuh iki bener, mbuh kuwi luput mesthi tak
tindakake.”
“wah aku kok rada beda karo penemumu, awit yen aku
ana madyapada iki papan dumununge kanggo nemtokake bisane awak dhewe iki mbesuk
ing jaman kalanggenan bisa tinampa marang Gusti Kang Akarya Jagad apa ora. Mula
tumitah ana madyapada iki sabisa-bisa tumindak kang becik, sing bisa murakabi
marang bebrayan. Marga aku duwe kapitayan yen tumindake ana madyapada becik,
besuk yen mati mesthi tinampa marang Kang Akarya Jagat. Kosok baline yen
tumindake ala, aja takon mesthi dicemplungake ana kawah candradimuka. ”
“aku lan kowe kuwi mung awujud buta, nanging
tumindhak kuwi ora metung awujud ala lan awujud apik. Sanadyan wujude apik
nanging tumindake nasar, yen mesthi nyemplung neraka jahanam, rupane ala yen
tumindake becik bakal mlebu swarga tundha sanga. ”
“Sasuwenw aku lan kowe padha caturan, iki kok ana
angin gedhe mawa prabawa atis.”
“wah, iya kakang pancen iki kudu saebaene angin.”
“bebarengan tekane angin kang nyalawadi, aku uga
mambu gandane manungsa, becik ayo diprepegi wae.”
“iya, nanging aja kurang duga lan prayoga.”
Watara Ditya Kala Rukmuka lan Ditya Kala Rukmakala
gineman lanjeng Raden Bratasena teka.
“manungsa kang tan wruh ing tata, aja waton
ngongasake kasudiran gumedhung adol kumawanen. Mara ngakua, sapa jenengmu lan
apa karepmu dene ngrusak alas kene.”
“takon marang aku, satria Munggul pawenang Raden
Bratasena. Aku ora niyat ngrusak alas kene, nanging aku ngupadi pamundhuting
bapa guru, kang aran Kayu gung susushing angin. Kowe sapa pracekamu lan duwe
karep apa dene ngalang-ngalangi sedyaku.”
“he, bojleng- bojleng iblis laknat ajegang. Aku kang
nguwasani gunung kene, jenengku Ditya Kala Rukmuka. ”
“tinimbang kowe ndak takon, aku tak ngaku dhewe Ditya
Kala Rukmakala jenengku.”
“Bratasena, mangertiya ! ing kene ana Kayu gung
susuhing angin. Lan aku ora nerimakake dene kowe gawe rusak papan dumunungku
kene, ora wurung kowe mesthi dadi panganku. ”
“lancang pangucapmu ! kowe dadi pepalang sedyaku,
ora gelem suka pituduh malah arep mangsa Bratasena. Luput aku kang tumeka pati,
malah kowe kang dadi jamase Kuku Pancanaka.”
“ He, bojleng-bojleng keparat, durung ngerti
kondhange Ditya Kala Rukmuka ya? Lan kowe ora bakal ucul saka tanganku. Waton
tak kadhepake ora rupa papat, candhak sabetake prebatang klakon putung
bangkekanmu. ”
“ mara jajalen yen arep mrodhol wadhukmu!”
Adegan Bratasena, Rukmuka lan Rukmakala
ing Gunung Reksamuka
Sumber:
Sudarko. 1991. Serat
Pedhalangan Lampahan Dewa Ruci. Surakarta: Cendrawasih.
Comments
Post a Comment