panggenan ingkang wonten sujarahipun



MAKAM BONOKELING

Wonten ing tlatah Jawa kathah panggenan ingkang tilaran saking budaya ing jaman kepungkur. Budaya menika wonten ingkang namung tilaran lan ugi wonten ingkang dumugi salmenika taksih dipunlampahi, dipunlestantunaken, sarta dipunpitadosi kaliyan tiyang kathah. Wonten panggenan ingkang bersejarah inggih menika ing dusun Pekuncen, kecamatan Jatilawang, kabupaten Bamyumas, provinsi Jawa Tengah wonten panggenan ingkang dipun wastani “ Makam Bonokeling”.
Sejarahipun makam menika saking carios ingkang nyebataken minangka wonten pangageng ingkang sekti mondraguna ugi tiyang menika pamimpin saking agama kejawen ing dusun menika. Pangageng menika dados panutaning sedaya warga dusun. Pangageng menika seda saha dipunsarekaken ing dusun Pekuncen.






Kangge mengeti sadenipun pangageng menika dipun wontenakan upacara unggahan. Upacara unggahan dipunlampahi setaun sepindah inggih menika ing saben wulan sadran (petungan wulan ing jawa. Unggahan wonten ing mriki dipunparingi teges munggah wonten ing makam. Ngagem tembung munggah amargi panggenanipunmakam menika wonten ing nginggil.
Upacara menika dipunlampahi dening sedaya tiyang ingkang pitados kaliyan kawontenanipun pangageng menika. Ingkang tumut nglampahi upacara menika boten namung saking warga dusun menika kemawon, nanging ugi wonten tiyang ingkang jawi dusun menika. Tiyang ingkang jawi dusun menika gadhah pangajap-ajap supados paring barokah saking sowanipun ing makam menika..Wos saking pangajap-ajap tiyang menika wonten ingkang nyuwun kasarasan ing dalem gesangipun, wonten ingkang nyuwun jodoh, wonten ingkang nyuwun diparingi kerja ingkang sae, lan sapiturutipun.Tiyang ingkang jawi dusun menika wonten ingkang asalipun saking Cilacap, Jakarta, Jawa Timur, Jawa Barat, lan sapiturutipun.
Lampahipun upacara unggahan menika laminipun 3 dinten 2 dalu, ingkang urutan adicaranipun ingkang kaping setunggal, tiyang saking warga dusun pekuncen ngaturaken maneka warni dhaharan ingkang taksih mentah wonten ing dalemipun juru kuncinipun. Menawi tiyang ingkang jawi dusun wonten tata caranipun piyambak, inggih menika dipunbekta mawi cara dipikul boten ngagem sandal saking perbatesan kecamatan Banyumas kaliyan Cilacap dumugi mlebet perbatesan dusun Pekuncen.
Bahan-bahan mentah ingkang dipunbekta inggih menika, beras, ayam, klapa, gula, teh, tempe, lan sapiturutipun. bahan-bahan menika boten wonten ukuran pathetipun, ananging dipunbekta sakgadhahipun tiyang menika. Bahan-bahan menika dipun bekta ing dinten kaping setunggal.
Busana ingkang dipun agem saderengipun minggah ing makam inggih menika dipunbedakaken pundi ingkang tiyang jaler lan estri. Menawi tiyang jaler menika ngagem jarik, sorjan warninipun cemeng, lan blangkon. Menawi tiyang esrti ngagem jarik, stagen, slendang warninipun pethak. Busana menika sampun sami mekaten saking lampahipun upacara jaman kepunggkur dumugi sakmenika boten wonten owahipun.
Adicara ingkang angka kalih inggih menika, saking enjing ing dinten kaping kalih sedaya tiyang sungkem dhumateng juru kuncinipun saha dipunlajengaken sowan ing makam bonokeling. Wonten mriku tiyang jaler lan esti dipunpisah. Tiyang jarer dipunriyinaken, dipunlajengaken kaliyan tiyang estri. Sakderengipun mlebet saha dedonga ing makam, sedaya tiyang masuh seplih badanipun kaliyan toya ingkang wonten ing ngandhapipun makam.
Adicara ingkang anggka tiga inggih menika, masak sedaya dedhahara ingkang sampun dipunbekta menika sesarengan. Adicara ingkang angka sekawan inggih menika, ing wektu dalunipun dedonga saha dhahar sesarengan ing cedhak makam. Adicara ingkanga aapaungkasan inggih menika, ing wekdal enjingipun sedaya tiyang ingkang saking jawi dhusun menika kondur ing panggenanipun piyambak-piyambak.

Comments

Popular posts from this blog

pranatacara adicara sedekah bumi

Pranatacara sarasehan budaya

Rumah Tradisional