sakedhik saking serat dewa ruci
Serat Dewaruci
Wonten
ing serat dewaruci nggadhahi mawarni-warni makna simbolik, ingkang mboten
gampil makna kasebat dipumangertosi, kedah dipunsarengaken kaliyan renungan
batin. Dipunwiwiti saking paraga, papan, saha babagan ingkang kaparingaken
dening Dewaruci kangge Sang Bima.
1.
Kurawa saha Pandhawa inggih menika
caroyos saking Mahabharata minangka epos inggih menika Upanishad (cariyos
kepahlawanan ingkang nggambaraken babagan becik utawi awon) ing agama Hindhu. Kurawa minangka pralambang ingkang awon saha pandhawa
minangka pralambang ingkang becik. Ing mriki mbabaraken minangka ing bebrayan
menika wonten perang. Perang kasebat minangka babagan kabecikan saha babagan
ingkang awon, saha namung tiyang ingkang saged ngalahaken babagan ingkang awon
ingkang saged nggayuh “ Manunggaling Kawula Gusti”.
2.
Paraga
Durna pralambang akal “ budi” manungsa ingkang asring kangge nindakaken sipat
awon amargi napsu-napsu ingkang mboten sae wonten ing badanipun manungsa.
Pamikiran saha napsu-napsu “ durgamaning tyas” ngawisi manungsa kangge nggayuh “ Manunggaling Kawula
Gusti “.
3.
Bima
inggih menika salahsatunggaling saking Pandhawa. Bima menika nggambaraken
manungsa minangka lahiriyah ningalaken sipat ingkang kasa, anaging ugi
nggadhahi sipat jujur.
4.
Samodra
inggih menika pralambang ing saklebeting badan kita menika wonten samodra
penggalih, samodra pikiran, saha samodra pepinginan awujud napsu awon utawi
nasu ingkang sae.
5.
Maga
inggih menika pralambang manungsa ingkang menapa kemawon dipuntampi
saktelas-telasipun. Sipat menika minangka napsu luamah manungsa. Supados kita
sedaya saged ketemu kaliyan Dewarusi minangka pralambang saking “ Sukma
Sejati”, Bima kedah ngalahaken naga ingkang wonten ing badan manungsa.
Dewarusci inggih menika pralambang saking manungsa ingkang awujud “ Sukma
Sejati” ingkang nggadhahi teges Bima piyambak utawi jati dhiri manungsa ingkang
gaib.
6.
Ilmu
ingkang dipunparingaken Dewaruci kangge Bima inggih menika supados Bima menika
sadar kaliyan lahir saha batinipun manungsa. Kadospundi manungsa saged ngawisi
napsu-napsu ingkang wonten ing badanipun manungsa piyambak. Napsu kasebat
awujud napsu “ luamah, amarah, kaliyan supiyah”, saha nemokaken naps “mutmainah
“ ingkang maringi kita pitulungan supados penggalih kita tenang, sabar saha
nggadhahi sipat ingkang luhur. Amargi kanthi nggadhahi sipat “mutmainah” menika
Bima (manungsa) saged nggayuh hakikat dhiri piyambak ingkang sipatipun gaib
ingkang kasebat “ Sukma Aejati”.
Wonten ing Serat Dewaruci saged dipunpendhet dudutan
inggih menika Ngelmu saking Dewaruci kangge Bima wonten hakikatipun ngelmu
menika nggadhahi manpaat kangge ngemutaken
penggalihipun Bima supados mangertosi lahir saha batinipun manungsa
menika piyambak., kadospundi manungsa saged ngawisi napsu-napsu ingkang wonten
ing badanipun manungsa piyambak ingkang awujud napsu luamah, amarah, supiyah
kaliyan nemokaken napsu mutmainah supados gadhah penggalih ingkang sabar,
tenang, saha nggadhahi sipat ingkang luhur. Naming kanthi penggalih ingkang
tenang, sabar, saha sipat kala wau Bima saged ketemu kaliyan hakikat dhiri
piyambak ingkang sipatipun gaib ugi kasebat Suksma Sejati.
Comments
Post a Comment